Majenang wayah mene ( LIVE STREAMING )



Nginjen "Keadaan" Kutha Majenang lumantar kamera sing dipasang nang dhuwur Kantor TELKOM Majenang.

Kamera kiye madhep maring ngulon...dhalan sing maring ngulon jenenge Jalan Bhayangkara tujuan-ne maring Banjar, Tasik, Bandung, Jakarta lan liyan-liyane.

Lurusane Jalan Bhayangkara ya kuwe Jalan K.H Ahmad Dahlan / Lingkar Selatan kanggo kendaraan sing arep nuju maring Purwokerto, Cilacap, Yogyakarta, Solo, lan liyan-liyane (sisih kiwe layar), dene dhalan sing nikung maring sisih tengen jenengane Jalan Diponegoro, tujuane padha baen...mung dhalan kiye bakal nglewati Alun-alun Majenang.

Umahe inyong saka Jalan K.H Ahmad Dahlan di bablas-na gutul Prapatan Haji Warno, trus nikung nengen...nuju maring Perumnas. Kari takon maring sapa baen tuli.......ora padha kenal !! Ckakakakakak...!!!

Genah koh, merga semboyane inyong kaya kiye :

"Papat ping papat...padha karo nem belas"
"Kumat ora kumat...tetep ora waras !!"

*Gludhakzzzz !!*

0 komentar:

Posting Komentar

 
Dirojong ku Blogger | Dirancang ku Trik-tips Blog © 2009 | Resolution: 1024x768px | Langkung sae upami di tingali nganggo: Firefox | Ka Tepas