Sandekala....aja adus nang kali...!!!

Saiki nyong isih ana nang gawean...urung balik kandhang, mergane gaweane ya pancen isih akeh banget. Fyuhhh...!! kesel-e ora jamak...ngode kawit esuk byarrr nganthi...tekan mbengi mak petttt !!

Mau lagi wayahe ngaso, nyong leren disit nang kantin...kencot nemen rasane (ngono pikire nyong...). Lagi leyeh-leyeh nang kantin sinambi mangan mendoan adem (jane nek isih anget...mesthine luwih nylekamin), nyong weruh wong-wong pada mlaku rombongan..kaya sing rame...jan ora kaya biasane.

Tak jajal marani karo takon ana apa jane...

Ujare wong-wong akeh mau, jarena ana kedadian musibah cedak karo nggone nyong ngode. kira-kira ana jarak 200 meter nang bang kidul...musibah-e ya kuwe : ana 3 tukang sing sa dina-dina-ne nyambut gawe nang proyek/mbangun pabrik anyar...Kendang nang kali pinggir kawasan.

Critane : 3 tukang mau, lagi adus bar padha nyambut gawe (sore kira-kira jam setengah 6...mempere ya wayah-e Sandekala). Mbuh nang apa...tukang2 sing lagi adus nang pinggir kali, kuwe ko padha ngelangi nyabrang kali. Jare sing weruh...wong loro wis tekan maring pinggir bang kidul, sing sijine isih keri nang bang lor...trus kayane tah sing keri kuwe karepe meh nusul kanca-kancane. Mung lagi bae ana nang tengah kali dheweke ora kuat ngelangi maning (wektu kuwe ya kaline lagi mandhan deres miline)...njur jaluk tulung maring batire sak loron, sing loro gagean mudhun meh nulungi...ning sing jenenge Nasib , ya ora ana sing ngerthi...sing niate arep nulungi malah katut kendang. Mung kari siji sing slamet...

Mau ya nyong tilik sedhela...Warga sing teka akeh banget, Pulisi wis di lapori...Koramil karo SAR wis di kabari...ning ngathi sa'prene durung kasil.

Urip-Pati, Begja-Cilaka, ya mung Pangeran sing mangerteni....

1 komentar:

Sumber Alam mengatakan...

kok bingung atis adem lansapanugalane kan ana;
KOPI JEBUG JAHE AREN
YENSING MUNTUK ORA KELALEN
LUAR BIASA !

Posting Komentar

 
Dirojong ku Blogger | Dirancang ku Trik-tips Blog © 2009 | Resolution: 1024x768px | Langkung sae upami di tingali nganggo: Firefox | Ka Tepas