Sinau Ngapak

Sepurane kanca batir, genah koh inyong ngerumangsani wis mandan suwe "nelantar-ake" blog kiye. Genah anu wingi-wingi kae inyong kena diarani lagi sibuk, ning dudu sok sibuk..yakin lah sumpah boss, inyong ora goroh! (nyilih gaya panggunge iparto-gombong). Ya kaya ngene lah..jenenge bae wong cilik, dadi wektune entek nggo makarya.

Asline inyong meh ora arep ngurusi blog kiye maning..ya alesane akeh lah, merga bingung mbagi wektu, bingung oleh meh posting apa, tur sing paling utamane tah ya merga ora nduweni dolanan (komputer) dewek, nek arep posting nganggo hape..jan kangelan banget, merga hape-ne ya mung hape pas-pasan..ora kena nggo ngetik sing akeh-akeh nek dipeksa..mengko ngambek dewek, mak "pettt!!"

Ndilalah nembe bae inyong bukak gugel, trus golet "blogger ngapak". Lah cempulek-e deneng blog-e inyong kiye sing manggon paling duwur. Jane nek dititeni isine..penganggon basa "ngapak" mung setithik,luwih akeh bahasa indonesiane. Aja maido disit ya..genah senajan kanda nganggo basa ngapak kuwe wis dadi pakulinan, ning nek meh digawe dadi tulisan..jan ko' ya angel. Kayane tah ora mung inyong thok sing ngalami kaya ngene..akeh kanca blogger sing asale saka tlatah mbanyumas, saben dina kanda ngapak ning angel oleh gawe tulisan utawa artikel nganggo basa ngapak.

Mula, miwiti wektu kiye...ayuh pada kabeh blogger banyumas pada Ngapak!! (sing Ngakak..awas Didupak!!)

0 komentar:

Posting Komentar

 
Dirojong ku Blogger | Dirancang ku Trik-tips Blog © 2009 | Resolution: 1024x768px | Langkung sae upami di tingali nganggo: Firefox | Ka Tepas