Asal usul...nek usil tak sentil !!


Kanca batir...jane tah inyong wis ana seminggu olih ndaftarke blog kiye, mung nembe siki teyeng gawe coretan-coretan nggo ngisi...ya, tinimbang kosong...ngono maksude tah.

Mbiyen ya inyong wis duwe blog, mung bloge ya bloge kaya umume kae...njur kanthi srana ora sengaja, critane...wektu kuwe inyong ora sengaja muter-muter nang aring umahe si Mbah Google...trus goleti apa baen sing ana hubungane karo banyumasan, cilacap, majenang, sidareja, lan liyan-liyane.

Ndilalah...lagi maca bloge kanca batir, utamane sing nganggo basa ngapak...ko ya krasa dadi balik maring kampung maning, nek ora keliru wektu kuwe inyong lagi tlungsupan nang aring bloge CewekNdeso.

Mula kawit kuwe inyong arep ganti bloge inyong nganggo blog sing kiye...ora perlu isin-isin merga nulis blog nganggo basa ngapak, mergane inyong ya asline kaya kuwe...

Inyong asline Cah Majenang, mung wis mandhan suwe babyag saka umah...dudu kabur, ya mergane mesthi dadi kaya siki kiye....urip nang aring kampunge wong, adoh sanak adoh kadang...

3 komentar:

Rie Rie mengatakan...

lhah bahase ya nggenah koh, ngopo nganggo basa koh isin barang kue? Basa mana ora perlu di isini. Sing kudune isin kue wong sing kae anu seneng korupsi duwite rakyat. (iki anu sepurane ya nek inyonge ora isa ngapak2, inyonge asli Blora-Jateng iki, hehehe...)

Salam kenal ya...salaman...

Unknown mengatakan...

jabat erat, kayane bahasa indonesiane ya kaya kuwe. priwe kabare kang topan? wah wis gawe blog maning ya. aku jane sih pengin gawe maning. tapi siki aku nang toko 24 jam. komputere mung go kerja terus ra kena ta silih go ngetik banrang sehuruf. dadi ya sedadine.

Anonim mengatakan...

ora ngapak ora kepenak.....slam kenal...cah kediri-jawatimuran

Posting Komentar

 
Dirojong ku Blogger | Dirancang ku Trik-tips Blog © 2009 | Resolution: 1024x768px | Langkung sae upami di tingali nganggo: Firefox | Ka Tepas