
Pirang dina wingi [mandhan kelalen...] inyong oleh "Informasi" tur peng'awe-awe saka kanca blogger liyane, sing isine ngenani Program utawa "Event" Kontes Blog sing di anakna nang Alnect Computer salah siji Toko Komputer Online sing markase ana nang Kutha Jogjakarta kana.
Nek maca hadiah-e...Wuiiiihhh !! mantep banget kang, ana sing awujud Laptop [ dadi kemutan maring

Nahhhh...nang sisi kene sing dadi angele, mergane..."Menurut" inyong, sing jenenge "Review" kuwe mesthine nerangake bag-bagan barang sing di review : apa keluwihane, apa kekurangane, njero-jeroane, hargane, lan liyan-liyane. Kuwe artine mesthi ngerti, paham, tur tau nduweni barang kuwe..dadi mesthine ya asale saka pikirane dhewek, dudu ujare wong liya, maca saka website, ngoleti saka Google, apa maning "Copy-Paste" saka Web utawa Blog liyane...dadi ora lucu nek blog siji karo liyane isine pada baen mergane ya pada-pada ngopy saka Website asline ( acer.com/ acer.co.id, advandigital.com, sahitel.com ).
Mulane sing maune inyong arep melu kaya sing liyane...dadi ora sida lah, ya iya...lha wong inyong urung tau nduwe sing jenenge LAPTOP babar blas !!. "Jangankan" Laptop...Flashdisk baen urung ke tuku.
Nek ujare inyong : Isih mending Laptop kuwe di weh'na maring inyong...njur bar inyong nduweni tur nganggo Laptop kuwe, nembe inyong teyeng aweh "REVIEW"
Keprimen Panitia....Setuju Mbok ??? Setuju ya...Setuju.....?!?
0 komentar:
Posting Komentar