
Isine surat kiye ya ngenani unek-unek mergane ditemokna alamat saka jajaran utawa satuan polres cilacap sing beda-beda, dadi kaya sing di pisah-pisah, kaya sing pada crah, saingan lan pediren. Liyane unek-unek nang surat kiya uga ana "ungkapan" nyengkuyung saka komitmen-e Polres Cilacap sing meh melu Mbrantas Mafia Hukum.
Isi surat kiye uga "menyoroti" ketledorane satreskrim sing nampilake profil/foto anggota reskrim polres cilacap, sing miturut panemune dheweke (sing nulis surat) anggota kaya reskrim, intel, densus 88, sat narkoba kuwe dudu tlatahe "publik" diwenehi weruh (ujare inyong dhewek ya pancen bener...lha arep kepriwe oleh tugas rahasia nek rupane para intel polres wis di apalake nang masyarakat).
Sing patut di acungi jempol, merga aksi kiye...aman saka "tindakan" sing ngerusak utawa gawe rugi marang sing duwe situs, mergane ora ana data sing owah apa maning nganthi diapus. Sing dikarepake mung men pihak polres luwih ati-ati tumindak lan nata website kanti bener.
Sumber :
CilacapMedia lan Detik i-Net
Gambar : CilacapMedi.com
1 komentar:
kenalan kang batiran kang tongkrongna link enyong kang??? batiran ya kang tek tunggu kang ?
Posting Komentar