Tampilkan postingan dengan label cilacap. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label cilacap. Tampilkan semua postingan

Sinau Ngapak

Sepurane kanca batir, genah koh inyong ngerumangsani wis mandan suwe "nelantar-ake" blog kiye. Genah anu wingi-wingi kae inyong kena diarani lagi sibuk, ning dudu sok sibuk..yakin lah sumpah boss, inyong ora goroh! (nyilih gaya panggunge iparto-gombong). Ya kaya ngene lah..jenenge bae wong cilik, dadi wektune entek nggo makarya.

Asline inyong meh ora arep ngurusi blog kiye maning..ya alesane akeh lah, merga bingung mbagi wektu, bingung oleh meh posting apa, tur sing paling utamane tah ya merga ora nduweni dolanan (komputer) dewek, nek arep posting nganggo hape..jan kangelan banget, merga hape-ne ya mung hape pas-pasan..ora kena nggo ngetik sing akeh-akeh nek dipeksa..mengko ngambek dewek, mak "pettt!!"

Ndilalah nembe bae inyong bukak gugel, trus golet "blogger ngapak". Lah cempulek-e deneng blog-e inyong kiye sing manggon paling duwur. Jane nek dititeni isine..penganggon basa "ngapak" mung setithik,luwih akeh bahasa indonesiane. Aja maido disit ya..genah senajan kanda nganggo basa ngapak kuwe wis dadi pakulinan, ning nek meh digawe dadi tulisan..jan ko' ya angel. Kayane tah ora mung inyong thok sing ngalami kaya ngene..akeh kanca blogger sing asale saka tlatah mbanyumas, saben dina kanda ngapak ning angel oleh gawe tulisan utawa artikel nganggo basa ngapak.

Mula, miwiti wektu kiye...ayuh pada kabeh blogger banyumas pada Ngapak!! (sing Ngakak..awas Didupak!!)
LUWIH KOMPLIT

Ana Demit klayapan nang Polres Cilacap...!!!

Kiye warta anyar saka tlatah cilacap, Situs Satreskrim Polres Cilacap sing alamate ana nang http://www.satreskrim-cilacap.com dina selasa wingi (27/4) di tlusupi Dedemit Maya..ngono unine warta sing tak waca ning Cimed (CilacapMedia.com ) , mergane mandan penasaran mula inyong njur nglurug maring situs-e satreskrim. Ya..pancen bener kaya sing di tulis nang Cimed, nang sisih ngisor-e kata sambutan ana tulisan sing Judule SURAT TERBUKA sing di tuju-ake maring Kapolres Cilacap lan jajarane.

Isine surat kiye ya ngenani unek-unek mergane ditemokna alamat saka jajaran utawa satuan polres cilacap sing beda-beda, dadi kaya sing di pisah-pisah, kaya sing pada crah, saingan lan pediren. Liyane unek-unek nang surat kiya uga ana "ungkapan" nyengkuyung saka komitmen-e Polres Cilacap sing meh melu Mbrantas Mafia Hukum.

Isi surat kiye uga "menyoroti" ketledorane satreskrim sing nampilake profil/foto anggota reskrim polres cilacap, sing miturut panemune dheweke (sing nulis surat) anggota kaya reskrim, intel, densus 88, sat narkoba kuwe dudu tlatahe "publik" diwenehi weruh (ujare inyong dhewek ya pancen bener...lha arep kepriwe oleh tugas rahasia nek rupane para intel polres wis di apalake nang masyarakat).

Sing patut di acungi jempol, merga aksi kiye...aman saka "tindakan" sing ngerusak utawa gawe rugi marang sing duwe situs, mergane ora ana data sing owah apa maning nganthi diapus. Sing dikarepake mung men pihak polres luwih ati-ati tumindak lan nata website kanti bener.


Sumber :
CilacapMedia lan Detik i-Net
Gambar : CilacapMedi.com
LUWIH KOMPLIT

PSCS Cilacap lolos ke Divisi Utama PSSI 2010


Jadwal & Hasil Pertandingan PSCS di Divisi I PSSI

*PUTARAN PERTAMA (Fase Grup) Grup IV

Minggu, 4 Oktober 2009
Persekaba Blora Vs Persik Kendal ( 2 - 0 )

Rabu, 7 Oktober 2009
Persekaba Blora Vs Persipur Purwodadi (1 - 0)
Persik Kendal Vs PSCS Cilacap (2 - 0)

Sabtu, 10 Oktober 2009
Persipur Purwodadi Vs PSCS Cilacap (0 - 2 )

Selasa, 13 Oktober 2009
Persik Kendal Vs Persipur Purwodadi (1 - 0)
PSCS Cilacap Vs Persekaba Blora (0 - 0)
Putaran Kedua
Senin, 19 Oktober 2009
Perrsik Kendal Vs Persikaba Blora (1 - 0)

Kamis, 22 Oktober 2009
Persipur Purwodadi Vs Persikaba Blora (0 -1)
PSCS CilacapVs Persik Kendal (2 -0)

Minggu, 25 Oktober 2009
PSCS Cilacap Vs Persipur Purwodadi (2 - 0)

Rabu, 28 Oktober 2009
Persipur Puwodadi Vs Persik Kendal (1 - 1)
Persekaba Blora Vs PSCS Cilacap (1 - 1)


*HASIL UJI COBA

PSCS vs PSIM (1-1)
PSCS vs PERSIKABO (1-0)
PSCS vs PSBM (1-1)

*PUTARAN KEDUA (Home Turnament) Grup D
>>>>>42 BESAR<<<<<>>>>16 BESAR<<<<< >

PSCS MASUK BABAK 8 BESAR DIVISI 1 LIGA INDONESIA

DAN DIPASTIKAN LOLOS KE DIVISI UTAMA MUSIM 2010
LUWIH KOMPLIT
 
Dirojong ku Blogger | Dirancang ku Trik-tips Blog © 2009 | Resolution: 1024x768px | Langkung sae upami di tingali nganggo: Firefox | Ka Tepas